FALSAFAH

 
FALSAFAH TIYANG JAWA
 






KAPITADOS BILIH LAMPAH KITA PUNIKA "CAKRA MANGGILINGAN" JUMBUH KALIYAN BAWONO MUBENG




( Hermadi )

  1. FALSAFAH (PANDANGAN HIDUP)  punika  menawi  dipun  tegesi  mawi  pangertosan  Jawa     tegesipun kirang langkung   “ Pandom panutan  gambaraning ngagesang “.
  2. Orang Jawa (TIYANG JAWA)  punika  tiyang  ingkang  mapan  utawi  asal saking tanah Jawa inggih  punika wewengkon ingkang  kala rumiyin kaiket dening pranatan lan kabudayan kraton ingkang mapan ing tanah Jawa.   

Tiyang Jawa kawentar golonganing bebrayan agung ingkang nggadhahi falsafah lan unggah-ungguh ingkang alus lan jangkep. Sadaya tingkah laku saha tata basa mujudaken asil pangolahing kabudayan ingkang sampun sampurna. Pramila mboten klentu menawi kabudayan Jawa kondhang kanthi tetembungan “ Kabudayan ingkang Adi Luhung “ (Kebudayaan yang indah, bermakna, terdepan, unggul dan terpuji). Kebak ing tata krama, ingkang mawujud kanthi basa lan pakarti utama. Gegambaraning tingkah laku tandang tanduk kathah ingkang dipun warisaken turun tumurun kanthi  awujud unen-unen, paribasan, bebasan, lan saloka.

Sesrawungan kaliyan tiyang Jawa mboten wonten ingkang mboten remen, Temtu kathah remenipun. Sebab tiyang Jawa punika kondhang pinter damel remen manahipun tiyang sanes. Wonten ing salebeting manah saged ugi mboten remen, nanging praupan, polatan, lan tata basa tetep dipun damel remen lan nyengsemaken. Ngadhepi tiyang sinten kemawon, senajan mboten remen kaliyan tiang kalawau, nanging tiyang Jawa tetep saged ngadhepi kanthi ulat manis. Benten kaliyan golonganing masyarakat sanes, ingkang wantah punapa wontenipun. Menawi boten remen ugi dipun adhepi kanthi polatan suntrut, kosok wangsulipun menawi remen ugi dipun adhepi kanthi polatan manis. Nanging menawi tiyang Jawa saged manjing “ ajur ajer “, liripun dipun ajak punapa kemawon purun senajan congkah kaliyan manahipun.

Gampil caranipun menawi badhe sesrawungan kaliyan tiyang Jawa. Nyinau bab pranataning ngagesang ugi gampil. Wulang wuruk ingkang awujud unen-unen lan sesanti tumrap tiyang Jawa tansah dipun pepundi lan dipun ugemi. Pramila boten aneh menawi pakartinipun jumbuh kaliyan unen-unenipun.

Jagading pamulangan lan pitutur ingkang awujud unen-unen, Bebasan, Paribasan, Isbat lan Saloka, ngemot kawruh ingkah limpad ing babagan watak lan budi pakarti. Kados upaminipun wonten ing tetembungan :

  1. "Aja mung waton ngomong, nanging ngomonga nganggo waton“. (jangan asal bicara, tetapi bicaralah dengan alasan yang jelas).
  2. "Aja rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa" (jangan merasa bisa, tapi bisalah merasa atau menggunakan perasaan).
  3. "Sepuh sepa, tuwa tuwas" (tua hambar atau tidak memiliki rasa lagi atau orang tua yang sia-sia dan tidak berharga)
  4. "Bandha bisa lunga, pangkat bisa oncat, bojo (ayu) bisa melayu" (harta dapat pergi, jabatan dapat hilang, istri cantik bisa pergi, yang bermakna segala apa yang dimiliki bisa hilang kapan saja).
  5. "Wani ngalah luhur wekasane" (Siapa yang mau mengalah nantinya akan mendapat kemenangan)
  6. "Aja nggege mangsa ndhisiki kersane sing gawe urip" (Tidak perlu menempuh jalan pintas,  kalau tiba waktunya  akan terlaksana juga, serahkan pada Allah SWT)
  7. "Sapa temen tinemu" (Siapa yang tekun mencari nanti akan mendapatkan)
  8. "Durung besus kaselak becus" (Belum belajar sudah berlagak merasa pandai)
  9. "Tuna satak bathi sanak" (Rugi sedikit tidak mengapa asal dapat menambah persaudaraan)
  10. "Ing ngarsa asung tuladha, ing madya ambangun karsa, tut wuri handayani" (Jika didepan harus memberi contoh, jika ditengah harus memberi semangat, jika dibelakang harus memberi kekuatan atau dorongan)

Kirang langkung makaten  kawruh sapala babagan  “ FALSAFAH TIYANG JAWA  “      Pranyata Kabudayaan Nasional punika kathah ingkang dipun anggit saking adat istiadat lan falsafahipun  tiyang Jawa.         Nuwun.